• 2 tahun yang lalu
Jeng...
Tak tulis layang iki
Naliko langit kebak mendung
Gawang-gawang katon lelakon kang wes kepungkur
Naliko ndak sawang netramu ing tegal papungan
Tak laras pipimu ing watu kendal
Lan tak geget latimu ing sendang gelagah

Ahh...
Nanging ora, Jeng...
Jebul tresnamu cetek koyok kali kang kebak padas
Ringkih koyok kayu gapok
Garing koyo jati aking
Aku wis ora duwe pangarep-arep maneh, Jeng